Headline news of Tepuswetan
12/12/2011 16:27:21 From :Kun Kanthongbolong
Piye kabare wong-wong tepus siki??????
Chat ON-Line Cah Tepuswetan

Eling Jaman Semono



Klo inget langgam ini jadi kangen sama Tepusw, klo Lagi mau sholat Magrib yang sebelumnya kita Lantunkan Puji"an langgam ini.
Laa illaha illalohu al maliqul haqul mubin,
Muhammadur rasulullah sodiqul wa’dil amin.

Ojo siro banget2.
Ngonmu bungah ono donyo.
Malaikat juru pati.
Nglirak nglirik maring siro.

Olehe nglirik malaikat.
Arep njabut nyawa niro.
Nggone njabut angenteni.
Dawuhe kang Maha Mulyo.


Sak wise didawuhi.
Banjur tandang karo kondo.
Aku iki mung sadermo.
Kowe ora keno semoyo.

Laa illaha illalohu al maliqul haqul mubin,
Muhammadur rasulullah sodiqul wa’dil amin.

Nek wis siro tinggal donyo.
Banjur manggon giri loyo.
Ora ono sing melasi.
Liyane Kang Moho Mulyo.

Mulo siro ngelingono.
Pumpung isih urip iro.
Perkarane ngibadahmu.
Rino wengi ojo leno.

Ewodene anak bojo.
Poro dulur enggal mungkur.
Ari kolo siro iku.
Uwis manggon ono kubur

Laa illaha illalohu al maliqul haqul mubin,
Muhammadur rasulullah sodiqul wa’dil amin.

Ojo pisan ngonmu urip.
Kanggo njongko babe donyo.
Pirang2 kang di jongko.
Arang2 sing temonjo.

Balik siro dho nrimoa.
Taninge kang Moho Mulyo.
Supayane urip iro.
Ono donyo biso mulyo.

Laa illaha illalohu al maliqul haqul mubin,
Muhammadur rasulullah sodiqul wa’dil amin.

Ngelingono siro iku.
Ora suwe ono donyo.
Balik mesti siro iku.
Tembe mburi pancal donyo

Ojo pisan siro iku.
Duwe laku koyo aku.
Gonku golek bondo iku.
Ngasi payah gonku mlaku.

Laa illaha illalohu al maliqul haqul mubin,
Muhammadur rasulullah sodiqul wa’dil amin.

Sak wusku teko ngomah.
Banjur jagong ngroso payah.
Sak wuse aku payah.
Yen ngibadah banjur wegah

Anakku sak putuku.
Takkon nyonto maring aku.
Supayane anak putu.
Ojo ngasi koyo aku.

Gone podo budi donyo.
Ojo ngasi ngoyo oyo.
Anane bondo donyo.
Aku mati ora nggowo.


2 komentar:

Anonymous says:

yang ini lagunya siapa ya ca?

joi says:

infonya sangat menarik...
mantap..

Post a Comment